Pidato Perpisahan Basa Jawa | Menyebarkan Gunjingan Untuk Bersama

 Pidhato Perpisahan  Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Nuwun , Bapak/Ibu Kepala Sekblah ingkang kinurmatan , tamu undhangan , Bapak/ Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati , adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. 

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih , awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan. 


Kula minangka wakil saking siswa kelas 6 , ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/lbu Guru , awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca , saengga saged ngrampungaken keharusan anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. 

Kula sakanca namung saged memuji , mugi-mugi sedaya amal Ian kesaenan Bapak Ian lbu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung , saha tansah pinaringan kasarasan , kawilujengan , Ian ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. 

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndamel Bapak lbu sedih Ian kuciwa , awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya. 


humateng Bapak/lbu Guru lan adhik-adhik sedaya , sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah , Amin. 

Wasana , cekapsemanten atur kula , menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih , kula nyuwun pengampunten. 

Wassalamualaikum Wr. Wb. 




Tidak ada komentar untuk "Pidato Perpisahan Basa Jawa | Menyebarkan Gunjingan Untuk Bersama"